Minggu, 08 Juni 2014

CONTOH PIDATO MANTEN

                              MC MANTEN RINGKES

Poro pepunden, poro pinisepuh, poro sesepuh ingkang pantes pinundi, poro kadang besan minongko cundhoko ingkang pantes kinurmatan, poro lenggah kakung putri ingkang satuhu bagyo mulyo.

Kapareng kula mambeng soho nggempil kamardikan panjenengan sedoyo, krono kula piniji pinongko pambioworo wontenipun pamiwahanwalimatul urs ing siang puniko.

Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicoro ingkang sampun karakit, sumonggo nun kula dereaken  angaturaken puji syukur dumateng ngarso dalem Allah .krono smpun katah nikmat soho rohmat ingkang sampun kito tampi, katitik ing ri kalenggahan puniko kito saget pepanggihan wonten ndalem mriki kanti kahanan rahayu wilujeng boten manggihi aral satunggal menopo.

Sholawat ugi salam mugi tansah kunjuk dumateng ngarsanipun jujungan kito nabi agung muhammad saw ingkang tansah kito ajeng ajeng syafaatipun binjing wonte ing yaumul kiyamat.amin........
Poro lenggah engkang tansah bagyo mulya.

Rerantaman adi coro wonten ing upacara walimatul urs siang punika
·        Ingkang sepindah Pambuka
·        Kalajengaken adicoro engkan ongko kalih waosan ayat 2 suci alquran
·        Adi coro engkang ongko tigo atur pambagyo harjo sangking panjenenganipun shohibul bait
·        Adicoro ongko sekawanipun atur pasrah sangking pinanganten kakung
·        Kacandak adicoro salajengipun inggih puniko atur panampi sangking pinanganten putri
·        Paripurnoning adicora walimatul urs ing siang punika katutup kanti waosan do’a.

 Poro lenggah engkang satuhu kinurmatan, mekaten rerantaman  adicoro walimatur urs wonten ing kalenggahan meniko.

Kangge ngringkes wontenipun wekdal sumonggo pawiwahan walimatul urs wonten ing kalenggahan puniko enggal kawiwitan
Adicoro ingkan sepindah inggih puniko pambuka.sumonggo adicoro walimtul urs ing siang puniko kito buka kanti waosan basmalah sumanggo ...................

·        Terwoco cetho kaduk ruruh hangarah prono aturipun bpk.......................pinongko sulih sariro ingkang hamengku gati.sasono soho swasono kasumanggaaken.

·        Makaten poro lenggah kakung soho putri, atur pasrahipun bpk.............................minongko sulih sariro sanging panjenenganipun bp....................................kanti prastowo cetho wijang wijiling pangendikan ingkang salejengipun pasrah sarono bade katampi panjenenganipun bp........................................minongko sulih sariro bpk..Samadi Sekalian,wekdal kasumanggaaken.sumonggo.

·        Kanti terwoco cetho atur panampi saking panjejenganipun bpk..................................minongko sulih sariro ingkang hamengku gati.

·        Adi coro kasigek sawetawis engkang bade kaisi kalian tedak sungging utawi pengambilan gambar dumateng kluarga sangking pinanganten kakung soho pinanganten putri kasuwun kerso kapundut gambaripun

·        Adicoro engkang pungkasan inggih punuko waosan doa,engkang badi kasariro panjenenganipun bp.......

 Paripurno, pawiwahan walimatur urs wonten ing kalenggahan puniko.Hambok bilih wonten kirang soho lagkungipun angen kawula ngaturaken kula ugi nderek agunging sih pangaksomo ing wasono mugi raharjo ingkang sami pinanggih .......

DUTA SAROYO

َالسَّلاََََمُ عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ َوَبَركَاتُهُ
الْـحَمـْدُلله رَبِّ الـْعَـا لـَمِيْنَ، وَالصَّلا ةُ  وَ السَّلاَ مُ  عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ, وَعَلَى َاِلهِ  َوأَصْحَابِهِ  أَجْمَعِيْنَ، اَمََّا بَعْدُ

Ashabul fadlilah paro Alim poro Kiyai poro Pinisepuh engkang dahat kinurmatan, wabil khusus Bapak......... sak kula wongso, poro undangan, soho pinanganten kakung dalah pangombyongipun, ingkang bagyo mulya.  keparengo kula matur kanti ngadek ing ngarso panjenengan, ingkang katemben sakeco wawan pangandikan, karono ing kalenggahan punika, kula piniji ngembani wuwus dados duta saroyo sulih saliranipun bpk............ sekalian
Namung sakderengipun kula hangaturaken wosing gati menggah pisowan kuwula, supados jumbuh kalian kuncaraning bongso, ingkang gegebengan ing agama, sumangga dumateng para rawuh saha para lenggah, langkung –langkung para pinisepuh ingkang sampun handukaping yuswa ingkang ateges sampun pana ing pamawas, saha lebda ing pituturk kula derekaken ngunjukaken puji sukur alhamdulillahk ing ngarsanipun Allah swt kapono agung barokah saha rohmatipun ingkang sampun rumentah dumateng kita sami katitik ing hari kalenggahan punika, kita sedoyo saget pepanggihan silaturahim kanti rahayu wilujeng mboten wonten pambengan satunggal punapa amin....
Mboten kesupen, sholawat ugi salam mugia tetep kunjuk ing ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita ajeng –ajeng safa’atipun benjang ing yaumul kiyamah. Amin
Para lenggah engkang sinubo ing pakurmatan,sinawung raos suko sukur ing ngjeng, kaparengo kula ngaturaken wosing gati , menggah pisowan kula sekalian,ingkang sepindah ,mligi katur wonten ing ngarsanipun bapak...........sekalian garwo, kula hangaturaken salam taklim saking bapak imam jursum sekalian,katur ing ngarso panjenengan sakwargo,sumambrah ing sedayanipun
Dhungkap ongko kalihipun menggah wigatosing pisowan kula sekalian ing nguni bapak .................sekalian garwo hanggadai pirembakan kalian bapak imam jursum sekalian. gumolonging pirembakan, bade handaupken kang putra sekalian.
Nah wonten arikalenggahan puniko sampun dugi wahyaning mongso kolo bade di kalaksanaaken akat nikah tuwin panggih pinanganten
Engkang puniko ; wonten ing kalenggahan puniko kaparengo kula mbedol pinanganten kakung, dalah pangombyongipun, sareng sak lampah kula, awit bade dipun laksanaaken akat nikah ( IJAB KABUL ) ing injing puniko,kagem poro pinisepuh kasuwun da’o soho restunipun mugi akad nikah saget kaleksanan tanpo pambengan satunggal punapa,
Engkang wekasan wigatosing sowan kula;
katur bapak .................sekaloian sak wargo dalah sak pederekipun sedoyo.  mawantu-wantu panyuwunipun bapak imam jursum ing rawuh panjenengan sedoya mangke watawis jam 01.30 perlu kasuwun doa restunipun mrih bagyo molyaning pinanganten sekalian
Mbok bilih namung makaten lan semanten engkang saget kawula aturaken waonten kirang soho langkungipun mawantu-wantu kula nyuwun agungeng pangapunten
Ing wasono billahi taufik wal hidayah

َوالسَّلاََََمُ عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ َوَبَركَاتُهُ

NAMPI BATUR MANTEN

Kibagus temanten ingkang dahat kinurmatan, tuwin pangambyong pinaganten ingkang sinubo ing pakurmatan.
Kapareng kula ngadek ing ngarso handiko sami, pinongko sulih sariro bapak ............................kinen hangaturaken raos suka ebahing manah wonten ing ri kalenggahan puniko.
 Namung sa’derengipun , sumonggo sareng sareng ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Allah swt., Karono sampun katah rohmat soho barokah ingkang sampun kito tampi , katitik wonten ing siang puniko kito saget pepangggihan wonten ing griyo mriki kanti rahayu wilujeng tanpo pambengan satunggal punopo.
Mboten kasupen sholawat tuwin salam mugi katur ing ngarso dalem Nabi agung Muhammad saw., ingkang kito ajeng-ajeng syafa’atipun mbinjang dinten kiyamat.
Kibagus temanten dalah pangombyongipun
            Wondene atur salajengipun kula hangaturaken sugeng rawuh soho sugeng lenggah sinambi wawan pangandikan sak murwatipun.
Namung mbok bilih wonten kirang langkungipun anggenipun nampi ing rawuh panjenegan, soho anggenipun sediya papan palenggahan dalah pasugatan ing mangke, wontenipun kula namung saget nyuwun agunging pangaksami,
Ingkang salajengipun kaparengo kula caos waluyan ing pangandikan pasrah saking pinaganten kakung,utawi ingkang kajibah nyarirani, saking rombongan pangambyong kibagus pinanganten kakung ing antawisipun ngendikaken kula nuwun utawi salam
Kula tampi kanti bingah tuwin dumawah sami –sami ingkang saklajengipun,pangandikan pasrah pinanganten dalah pangambyongipun
Kula tampi kanti raos suko bingahing manah ingkang ingkang mboten saget kula gambaraken sangking remene,namung kemawon mbok bilih wonten kitrang soho langkungipun anggen kula nampi , mawantu-wantu kula nyuwun lobering samudro pangaksami
Akhiripun sugeng lenggah, sugeng pangandikan sinambi ngedapi punopo ingkang sampun wonten,
Makaten lan semanten atur kawula wonten kirang langkungipun kula nyuwun agungung pangaksami

WAKIL TEMANTEN

َوالسَّلاََََمُ عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ َوَبَركَاتُهُ
الْـحَمـْدُلله رَبِّ الـْعَـا لـَمِيْنَ، وَالصَّلا ةُ  وَ السَّلاَ مُ  عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ, وَعَلَى َاِلهِ  َوأَصْحَابِهِ  أَجْمَعِيْنَ، اَمََّا بَعْدُ

Kepareng kawula ngadek wonter ngarsa handiko sami minongko sulih sariro sangking panjenenganipun bopo usuf sekalian kenen hangaturaken menggah wosing gati sowanipun kibagus temanten dalah sak pangombyongipun wanten ing kalenggahan meniko, namung sak derengipun monggo sareng-sareng kawula derekakaen manjataken raos puji sy

Poro lenggah engkang satuhu kinurmatan
Menggah wosing gati pisowan kawula sak rencang wonten kalenggahan meniko ingkang  sepindah
Ngaturaken salam takdzim sangking panjeneganipun bp M. usup sekalian dumateng poro pinisepuh samudayanipun saha salam ta’lim dumateng poro lenggah ingkang kapernah anem wabil kusus dumateng panjenenganipun……kanti atur aassalam…
Atur engkang aongko kaleh bp m usuf sekalian nyuwun agunging pangaksami dene menopo panjeneganipun dereng saget derekaken sowanipun ki bagus temanten dalah pangombyongipun wonten wekdal sak meniko. Insayaallh panjeneganipun bp usuf sekalian bade sowan mangke kirang langkung tabuh 1 kanti kaderekaken poro sanak kadang dalah poro tanggi tepalih satawis
Atur ingkan ongko 3 kula minongko wakil sangking rombongan , bloko suto kemawon kula sak rencang namung Derek kamukten / makmum dumateng muktinipun  ki bagus temanten. Wontenipun naming pasrah sak kawontenanipun. Naming kemawon waoten sak lebeteng manah kula sak rencang  mugi   ampun ngantos manggihi engkang awon syukur engkang penak2 ugi engkang enak2. amin
Atur engkang pungkasan ambok bilih sowanipun kibagus temnten dalah pangombyongipun wonten kirang subo sito ngingi solah bowo tindak tanduk engkang kirang ngresepaken dumateng penggalih poro lenggah. wabil khusus dumateng panjenganipun bp…..mwantu wantu kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami
Mekaten lan semanten engkang saget kawula aturaken bmk