MC MANTEN RINGKES
Poro pepunden, poro
pinisepuh, poro sesepuh ingkang pantes pinundi, poro kadang besan minongko
cundhoko ingkang pantes kinurmatan, poro lenggah kakung putri ingkang satuhu
bagyo mulyo.
Kapareng kula
mambeng soho nggempil kamardikan panjenengan sedoyo, krono kula piniji pinongko
pambioworo wontenipun pamiwahanwalimatul urs ing siang puniko.
Namung
sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicoro ingkang sampun karakit,
sumonggo nun kula dereaken angaturaken
puji syukur dumateng ngarso dalem Allah .krono smpun katah nikmat soho rohmat
ingkang sampun kito tampi, katitik ing ri kalenggahan puniko kito saget
pepanggihan wonten ndalem mriki kanti kahanan rahayu wilujeng boten manggihi
aral satunggal menopo.
Sholawat ugi
salam mugi tansah kunjuk dumateng ngarsanipun jujungan kito nabi agung muhammad
saw ingkang tansah kito ajeng ajeng syafaatipun binjing wonte ing yaumul
kiyamat.amin........
Poro
lenggah engkang tansah bagyo mulya.
Rerantaman adi coro wonten ing upacara walimatul
urs siang punika
·
Ingkang sepindah Pambuka
·
Kalajengaken adicoro engkan ongko kalih waosan ayat 2 suci alquran
·
Adi coro engkang ongko tigo atur pambagyo harjo sangking panjenenganipun
shohibul bait
·
Adicoro ongko sekawanipun atur pasrah sangking pinanganten kakung
·
Kacandak adicoro salajengipun inggih puniko atur panampi sangking
pinanganten putri
·
Paripurnoning adicora walimatul urs ing siang punika katutup kanti waosan
do’a.
Poro lenggah engkang satuhu
kinurmatan, mekaten rerantaman adicoro
walimatur urs wonten ing kalenggahan meniko.
Kangge
ngringkes wontenipun wekdal sumonggo pawiwahan walimatul urs wonten ing kalenggahan
puniko enggal kawiwitan
Adicoro ingkan
sepindah inggih puniko pambuka.sumonggo adicoro walimtul urs ing siang puniko
kito buka kanti waosan basmalah sumanggo ...................
·
Terwoco cetho kaduk ruruh hangarah prono
aturipun bpk.......................pinongko sulih sariro ingkang hamengku gati.sasono
soho swasono kasumanggaaken.
·
Makaten poro lenggah kakung soho putri, atur
pasrahipun bpk.............................minongko sulih sariro sanging
panjenenganipun bp....................................kanti prastowo cetho
wijang wijiling pangendikan ingkang salejengipun pasrah sarono bade katampi
panjenenganipun bp........................................minongko sulih sariro
bpk..Samadi Sekalian,wekdal kasumanggaaken.sumonggo.
·
Kanti terwoco cetho atur panampi saking
panjejenganipun bpk..................................minongko sulih sariro
ingkang hamengku gati.
·
Adi coro kasigek sawetawis engkang bade kaisi
kalian tedak sungging utawi pengambilan gambar dumateng kluarga sangking
pinanganten kakung soho pinanganten putri kasuwun kerso kapundut gambaripun
·
Adicoro engkang pungkasan inggih punuko waosan doa,engkang badi kasariro
panjenenganipun bp.......
Paripurno, pawiwahan walimatur urs wonten ing
kalenggahan puniko.Hambok bilih wonten kirang soho lagkungipun angen kawula
ngaturaken kula ugi nderek agunging sih pangaksomo ing wasono mugi raharjo
ingkang sami pinanggih .......
DUTA SAROYO
َالسَّلاََََمُ
عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ َوَبَركَاتُهُ
الْـحَمـْدُلله
رَبِّ الـْعَـا لـَمِيْنَ، وَالصَّلا ةُ
وَ السَّلاَ مُ عَلىَ سَيِّدِنَا
مُحَمَّـدٍ, وَعَلَى َاِلهِ
َوأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، اَمََّا بَعْدُ
Ashabul fadlilah paro Alim poro Kiyai
poro Pinisepuh engkang dahat kinurmatan, wabil khusus Bapak......... sak kula
wongso, poro undangan, soho pinanganten kakung dalah pangombyongipun, ingkang
bagyo mulya. keparengo kula matur kanti
ngadek ing ngarso panjenengan, ingkang katemben sakeco wawan pangandikan,
karono ing kalenggahan punika, kula piniji ngembani wuwus dados duta saroyo
sulih saliranipun bpk............ sekalian
Namung sakderengipun kula hangaturaken
wosing gati menggah pisowan kuwula, supados jumbuh kalian kuncaraning bongso,
ingkang gegebengan ing agama, sumangga dumateng para rawuh saha para lenggah,
langkung –langkung para pinisepuh ingkang sampun handukaping yuswa ingkang ateges
sampun pana ing pamawas, saha lebda ing pituturk kula derekaken ngunjukaken
puji sukur alhamdulillahk ing ngarsanipun Allah swt kapono agung barokah saha
rohmatipun ingkang sampun rumentah dumateng kita sami katitik ing hari
kalenggahan punika, kita sedoyo saget pepanggihan silaturahim kanti rahayu
wilujeng mboten wonten pambengan satunggal punapa amin....
Mboten kesupen, sholawat ugi salam
mugia tetep kunjuk ing ngarso dalem Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita
ajeng –ajeng safa’atipun benjang ing yaumul kiyamah. Amin
Para lenggah engkang sinubo ing
pakurmatan,sinawung raos suko sukur ing ngjeng, kaparengo kula ngaturaken wosing
gati , menggah pisowan kula sekalian,ingkang sepindah ,mligi katur wonten ing
ngarsanipun bapak...........sekalian garwo, kula hangaturaken salam taklim
saking bapak imam jursum sekalian,katur ing ngarso panjenengan sakwargo,sumambrah
ing sedayanipun
Dhungkap ongko kalihipun menggah
wigatosing pisowan kula sekalian ing nguni bapak .................sekalian
garwo hanggadai pirembakan kalian bapak imam jursum sekalian. gumolonging
pirembakan, bade handaupken kang putra sekalian.
Nah wonten arikalenggahan puniko
sampun dugi wahyaning mongso kolo bade di kalaksanaaken akat nikah tuwin
panggih pinanganten
Engkang puniko ; wonten ing kalenggahan puniko kaparengo
kula mbedol pinanganten kakung, dalah pangombyongipun, sareng sak lampah kula, awit
bade dipun laksanaaken akat nikah ( IJAB KABUL ) ing injing puniko,kagem poro
pinisepuh kasuwun da’o soho restunipun mugi akad nikah saget kaleksanan tanpo
pambengan satunggal punapa,
Engkang wekasan wigatosing sowan
kula;
katur bapak .................sekaloian sak wargo dalah
sak pederekipun sedoyo. mawantu-wantu
panyuwunipun bapak imam jursum ing rawuh panjenengan sedoya mangke watawis jam
01.30 perlu kasuwun doa restunipun mrih bagyo molyaning pinanganten sekalian
Mbok bilih namung makaten lan
semanten engkang saget kawula aturaken waonten kirang soho langkungipun
mawantu-wantu kula nyuwun agungeng pangapunten
Ing wasono billahi taufik wal
hidayah
َوالسَّلاََََمُ عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ
َوَبَركَاتُهُ
NAMPI BATUR MANTEN
Kibagus temanten ingkang dahat
kinurmatan, tuwin pangambyong pinaganten ingkang sinubo ing pakurmatan.
Kapareng kula ngadek ing
ngarso handiko sami, pinongko sulih sariro bapak
............................kinen hangaturaken raos suka ebahing manah wonten ing
ri kalenggahan puniko.
Namung sa’derengipun , sumonggo sareng sareng
ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Allah swt., Karono sampun katah rohmat
soho barokah ingkang sampun kito tampi , katitik wonten ing siang puniko kito
saget pepangggihan wonten ing griyo mriki kanti rahayu wilujeng tanpo pambengan
satunggal punopo.
Mboten kasupen sholawat tuwin
salam mugi katur ing ngarso dalem Nabi agung Muhammad saw., ingkang kito
ajeng-ajeng syafa’atipun mbinjang dinten kiyamat.
Kibagus temanten dalah pangombyongipun
Wondene
atur salajengipun kula hangaturaken sugeng rawuh soho sugeng lenggah sinambi
wawan pangandikan sak murwatipun.
Namung mbok bilih wonten
kirang langkungipun anggenipun nampi ing rawuh panjenegan, soho anggenipun
sediya papan palenggahan dalah pasugatan ing mangke, wontenipun kula namung
saget nyuwun agunging pangaksami,
Ingkang salajengipun kaparengo
kula caos waluyan ing pangandikan pasrah saking pinaganten kakung,utawi ingkang
kajibah nyarirani, saking rombongan pangambyong kibagus pinanganten kakung ing
antawisipun ngendikaken kula nuwun utawi salam
Kula tampi kanti bingah tuwin
dumawah sami –sami ingkang saklajengipun,pangandikan pasrah pinanganten dalah
pangambyongipun
Kula tampi kanti raos suko bingahing manah ingkang
ingkang mboten saget kula gambaraken sangking remene,namung kemawon mbok bilih
wonten kitrang soho langkungipun anggen kula nampi , mawantu-wantu kula nyuwun
lobering samudro pangaksami
Akhiripun sugeng lenggah, sugeng
pangandikan sinambi ngedapi punopo ingkang sampun wonten,
Makaten lan semanten atur kawula wonten kirang
langkungipun kula nyuwun agungung pangaksami
WAKIL TEMANTEN
َوالسَّلاََََمُ عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ
َوَبَركَاتُهُ
الْـحَمـْدُلله رَبِّ الـْعَـا
لـَمِيْنَ، وَالصَّلا ةُ وَ السَّلاَ
مُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ, وَعَلَى َاِلهِ َوأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، اَمََّا بَعْدُ
Kepareng kawula
ngadek wonter ngarsa handiko sami minongko sulih sariro sangking
panjenenganipun bopo usuf sekalian kenen hangaturaken menggah wosing gati
sowanipun kibagus temanten dalah sak pangombyongipun wanten ing kalenggahan
meniko, namung sak derengipun monggo sareng-sareng kawula derekakaen manjataken
raos puji sy
Poro lenggah
engkang satuhu kinurmatan
Menggah wosing gati pisowan kawula sak rencang wonten kalenggahan meniko
ingkang sepindah
Ngaturaken salam
takdzim sangking panjeneganipun bp M. usup sekalian dumateng poro pinisepuh
samudayanipun saha salam ta’lim dumateng poro lenggah ingkang kapernah anem
wabil kusus dumateng panjenenganipun……kanti atur aassalam…
Atur engkang aongko kaleh bp m usuf sekalian nyuwun agunging pangaksami
dene menopo panjeneganipun dereng saget derekaken sowanipun ki bagus temanten
dalah pangombyongipun wonten wekdal sak meniko. Insayaallh panjeneganipun bp
usuf sekalian bade sowan mangke kirang langkung tabuh 1 kanti kaderekaken poro
sanak kadang dalah poro tanggi tepalih satawis
Atur ingkan ongko
3 kula minongko wakil sangking rombongan , bloko suto kemawon kula sak rencang namung
Derek kamukten / makmum dumateng muktinipun ki bagus temanten. Wontenipun naming pasrah
sak kawontenanipun. Naming kemawon waoten sak lebeteng manah kula sak
rencang mugi ampun
ngantos manggihi engkang awon syukur engkang penak2 ugi engkang enak2. amin
Atur engkang
pungkasan ambok bilih sowanipun kibagus temnten dalah pangombyongipun wonten
kirang subo sito ngingi solah bowo tindak tanduk engkang kirang ngresepaken
dumateng penggalih poro lenggah. wabil khusus dumateng panjenganipun bp…..mwantu
wantu kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami
Mekaten lan
semanten engkang saget kawula aturaken bmk
َالسَّلاََََمُ
عَـلَيْكُمْ َوَرْحَمة اللهِ َوَبَركَاتُهُ
Kepareng kawula
ngadek wonter ngarsa handiko sami minongko sulih sariro sangking
panjenenganipun bopo usuf sekalian kenen hangaturaken menggah wosing gati
sowanipun kibagus temanten dalah sak pangombyongipun wanten ing kalenggahan
meniko, namung sak derengipun monggo sareng-sareng kawula derekakaen manjataken
raos puji sy
Poro lenggah
engkang satuhu kinurmatan
Menggah wosing gati pisowan kawula sak rencang wonten kalenggahan
meniko ingkang sepindah
Ngaturaken salam
takdzim sangking panjeneganipun bp M. usup sekalian dumateng poro pinisepuh
samudayanipun saha salam ta’lim dumateng poro lenggah ingkang kapernah anem
wabil kusus dumateng panjenenganipun……kanti atur aassalam…
Atur engkang aongko kaleh bp m usuf sekalian nyuwun agunging
pangaksami dene menopo panjeneganipun dereng saget derekaken sowanipun ki bagus
temanten dalah pangombyongipun wonten wekdal sak meniko. Insayaallh
panjeneganipun bp usuf sekalian bade sowan mangke kirang langkung tabuh 1 kanti
kaderekaken poro sanak kadang dalah poro tanggi tepalih satawis
Atur ingkan ongko
3 kula minongko wakil sangking rombongan , bloko suto kemawon kula sak rencang
namung Derek kamukten / makmum dumateng muktinipun ki bagus temanten. Wontenipun naming pasrah
sak kawontenanipun. Naming kemawon waoten sak lebeteng manah kula sak
rencang mugi ampun ngantos manggihi engkang awon syukur
engkang penak2 ugi engkang enak2. amin
Atur engkang
pungkasan ambok bilih sowanipun kibagus temnten dalah pangombyongipun wonten
kirang subo sito ngingi solah bowo tindak tanduk engkang kirang ngresepaken
dumateng penggalih poro lenggah. wabil khusus dumateng panjenganipun
bp…..mwantu wantu kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami
Mekaten lan
semanten engkang saget kawula aturaken bmk